SELAMAT DATANG DI INDAHNYA BERBAGI

PIDATO BAHASA JAWA

0 comments


MATERI PIDATO BAHASA JAWA

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak kepala sekolah ingkang satuhu kula bekteni Bapak/Ibu guru ingkang dhahat kinurmatan. Adhik-adhik kelas setunggal ngantor kelas gangsal ingkang kula tresnani.
Sepisan, sumangga sesarengan ngujukaken puja Pudyastuti katur dumateng ngersanipun Gusti Allah ingkang maha agung ingkang sampun paring rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, saengga ing wekdal punika kita taksih pinaringan rahayu wilujeng ning ing sambikala. Kaping tanpa uapami dhumateng para Bapak Serta Ibu Guru ingkan sampun kersah rawuh, gangsal ingkang nderek Mangayubagya ing adicara pepisahan siswi-siswi kelas enem siyang punika.
Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan serta adhik-adhik ingkang kula trisnani, sekedhap malih kula sekanca badhe nilaraken bangku pawiyatan SD punika-kula minangka wakil siswi-siswi kelas enem badhe nyuwun pamit dhateng para Bapak/Ibu Guru, serta adhik-adhik mugi-mugi anggen kula sakanca nglajengaken nuntut ilmu ing pawiyatan lajengipun saged lancar.
Kula sakanca nyuwun doa restu mugi-mugi cita-cita kula sakanca saged kasil ing tembe burinipun sejatosipun awrat tumrap kula sakanca niggalake pawiyatan punika, nanging kadospundi malih wonten pepanggihan tamtun wonten pepisahan.
Minangka pungkasaning atur, kula sakanca nyuwun lamunturing sih samudra pangaksami bebilih salaminipun kula sakanca ngangsu kaweruh ing pawitan punika wonten kelepatan-kelepatan dhumateng para Bapak/Ibu sarta adhik-adhik sekaliyah,  pesen kula dhumateng adhik-adhik, inggih punika kedah mbangun turut dhateng sedaya pituturipun tiyang sepah serta Bapak/Ibu Guru, mboten pareng pareng nakal, sinau ingkang sregep, saengga dados lare ingkang sae lan migunani tumrap kaulawarga, masyarakat bangsa lan negara.
Wasana cekap semanten atur kula menawi wonten kirang langkungin atur, nyuwun agunging pangakmi.


Share this article :
0 Komentar Via Blog/Email
Komentar Via FB
Jika setelah anda Klik COMENT dan komentar Anda tidak keluar, harap reload halaman saja. karena sebenarnya komentar anda sudah masuk

Posting Komentar

BAGI YANG INGIN BERKOMENTAR TETAPI TIDAK PUNYA AKUN UNTUK LOG IN LEBIH BAIK MENGGUNAKAN PILIHAN "ANONYMOUS"

 
Didukung Iklan : Murahsay.com
Copyright © 2009-2014. INDAHNYA BERBAGI - All Rights Reserved
Modif template Oleh Misbahul Munir
Powered by Blogger